Ndhuk Nis, dakjaluk tuwuhna rasa tresnamu. Percayaa yen tresnane Bapakmu uga gedhe marang anak-anake. Bakat seni sing kokduweni kuwi asale uga saka Bapakmu. Wiwit dongakna Bapak sawise sembahyang. Dadia bocah kang bekti kayadenene Bapakmu marang simboke. Uripmu kudu dadi urub ya ndhuk. Tansah ngabekti marang Gusti, wong tuwa, lan bangsamu. Mugya bisa kasil anggonmu nggawa Jawa manjing ing jiwamu